Selasa, 08 Desember 2009

Memayu Hayuning Pribadi (Jilid 2) 9 - 16

1. Digedhongana dikuncenana kayangapa, nanging wong iku yen wis tinakdir tekan janjine utawa ajale, mangsa bakal wurunga. Iki maweh peling marang kita, yen kita manungsa mono ing atase badan lan umure dhewe ora kuwasa. Apamaneh sing mung wujud barang sampiran kayadene drajad, semat lan pangkat, kaluhuran, kasugihan, lan kalungguhan. Mula saka iku aja kibir, jubriya lan aja sok dumeh. Awit isih ana panguwasa liya (Gusti Allah) kang luwih kuwasa.
2. Ngombe lan memangan yen tanpa taker lan tanpa pilih-pilih iku pancen bisa nekakake bilahi. Mula nyandhet ubaling kepinginan ngombe lan memangan kang kaya mangkono mau wis ateges sawijining pamarsudi nyegah karusakaning jiwa lan raga. Wondene sranane kang prayoga yaiku pasa sing mengku ancas pupur sadurunge benjut, nyingkiri sadurunge kesandhung bilahi.
3. Kamulyan lan kanikmataning uripe wong-wong kang sugih dituku mawa tangising rakyat kang mlarat.
4. Kang kinaran janma kang wis kadunungan cipta kang wening iku, yaiku sapa kang wis temen-temen mantep pangidhepe marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Wong kang kaya mangkono mau samangsa nindakake pakarti apa ta apa tansah linambaran ati kang sarwa tepa tulus, kabeh-kabeh amung akarana Allah. Ora cilik ati, gedhene ngrasa owel ing kalane wohing panggawene mitunani awake dhewe. Nanging bisa gawe raharjane sesamaning dumadi. Kosokbaline wong kang nindakake pangibadah nanging isih ndarbeni pepinginan supaya diweruhana lan digawokana dening liyan, iku pratandha yen pangidhep lan pangibadahe durung akarana Allah.
5. Pambudidayanira manembah marang Pangeran iku prayogane aja sira anggo sarana ngalab tumuruning peparinge, nanging mligiya nindakake panembah mung saka niyat manembah. Awit wong kang nyenyadhong sihing Pangeran sarana laku panembah kathik banjur nyata kaleksanan panyuwune, ing adat wong mau banjur dadi kethul kawaspadane marang kaluhuran lan keagungane Kang Murbeng Dumadi. Aran isih begja yen ora banjur dadi wong jubriya seneng nyepelekake marang sesamaning dumadi.
6. Ana sawenehing wong kang duwe penganggep menawa nyenyuwun sihing Allah iku ora ana gawene. Awit Gusti Allah iku adil lan Maha Wuninga saengga ora bakal peparing marang wong kang ora pantes nampa ganjaran. Nanging wong mau sajak lali yen Gusti Allah mono Maha Welas lan Maha Asih. Uga ana sawenehing wong kang ora precaya marang anane Gusti Allah, presasat uga ora pracaya marang anane dhewe dene nganti awake lair ana ing donya. Nanging yen wong mau nandhang reribed lan nalare wis pantog, adate tuwuh osiking atine yen Pangeran iku ana malah banjur disesuwuni.
7. Wong kang kulina ngeningake ciptane kang resik ing wayah esuk, lawas-lawas banjur bisa ngeningake ciptane ing wayah bengi uga, lan sangsaya lawas maneh bisa ngeningake cipta ing wayah apa bae lan ing ngendiya bae. Nanging sabarang pratingkah iku bisa dadi pakulinan manawa katindakake kanthi ajeg, sarana panglantih kang tumemen lan ora bosen. Klawan mangkono sabarang kang maune rinasa rekasa lan abot, bakal sirna. Mangkono ora ana bedane yen kita kepingin nanem wiji kautaman, iya kudu kita gladhi tanpa bosen.
8. Yen pinuju wayah wengi langite terang banjur tumengaa ing tawang, kita bakal nyipati saperangane gelaring alam, abyoring langit kang sumilak sinebaran lintang-lintang pating krelip, gedhe cilik kaya wis sengadi tinata panggonane, angin sumilir ngobahake kekayonan lan gegodhongan kang ngandhut aruming gandane kekembangan. Sing kaya mangkono sayekti bisa nuwuhake rasa pangrasa tentrem ing ati kita. Nanging luwih saka iku, apa sing kaya mangkono mau ora ngosikake kita tumrap kaluhuraning Kang Maha Agung kang wus mranata sakabehing mau ?

0 komentar:

Posting Komentar